Nabi Yeremia nuli mundhut gulungan liyane lan diparingake marang panitra Barukh bin Neria, kang nulisi kang katampan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika kang kamot ana ing layang kang wus diobong dening Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda iku. Apa maneh isih diwuwuhi pangandika akeh tunggale iku.