30. Amarga saka iku -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim ratu ing Yehuda --: Dheweke ora bakal duwe turun kang nglungguhi dhampare Dawud, lan mayite bakal gilang-gilang, temah kepanasan ing wayah awan lan kadhemen ing wayah bengi.
31. Ingsun bakal ngukum dheweke, tedhak turune lan para kawulane marga saka kaluputane; Ingsun bakal ndhatengake marang wong-wong iku, marang sakehe wong kang manggon ing Yerusalem tuwin marang wong Yehuda sakehing bilai kang wus Sunagem ngancam wong iku kabeh, nanging pangandikaningSun ora dirungokake.”
32. Nabi Yeremia nuli mundhut gulungan liyane lan diparingake marang panitra Barukh bin Neria, kang nulisi kang katampan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika kang kamot ana ing layang kang wus diobong dening Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda iku. Apa maneh isih diwuwuhi pangandika akeh tunggale iku.