Zefanya 1:17-18 Kitab Sutji (JAV)

17. Para wong Sundhawahi karubedan, nganti anggone lumaku kaya wong wuta, sabab wus padha gawe dosa marang Pangeran Yehuwah. Getihe bakal kaesokake kaya awu lan jerohane kabuwang kaya tlethong.

18. Wong-wong iku ora kena kaluwaran kalawan salaka utawa mase, ing dina bebendune Sang Yehuwah; malah salumahing bumi bakal kamangsa dening genining bentere panggalihe Pangeran, marga Panjenengane ndhawahake karusakan, malah karusakan kang nggegirisi iku kacawisake kanggo sakehe wong kang padha manggon ing bumi.

Zefanya 1