Zakharia 6:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Kang katelu jaran putih lan kang kapat jaran plangka lan plontheng.

4. Aku banjur nyuwun priksa marang malaekat kang ngandikan karo aku, aturku: “Dhuh bendara, punika sadaya tegesipun kadospundi?”

5. Paring wangsulane malaekat: “Kabeh iku metu marang ing keblat papat, sawuse padha seba marang ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi.”

6. Kang rakitane jaran ireng iku menyang ing Tanah Lor; kang putih iku parane mangulon, dene kang plangka menyang Tanah Kidul;

7. sarta kang abang iku metu, bingung arep lunga sumedya ndlajahi salumahe bumi. Nuli padha kadhawuhan: “Mangkata, padha ndlajahana salumahe bumi!” Bumi banjur didlajahi.

8. Panjenengane tumuli nguwuh marang aku: “Sawangen, kang lakune menyang Tanah Lor iku arep nentremake RohingSun ana ing Tanah Lor kono.”

9. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

10. “Ing dina iki uga sira lungaa, menyang omahe Yosia bin Zefanya narikana pisungsunge Heldai, Tobia lan Yedaya, wong kang wus padha bali saka ing pambuwangan ing Babil.

Zakharia 6