1. Sawuse mangkono Senapati Yusak tumuli nglempakake sakehing talere wong Israel ana ing Sikhem, banjur nimbali para tuwa-tuwane Israel lan para panggedhene, para hakime tuwin para tetindhihing wadyabala. Iku kabeh nuli padha seba marang ing ngarsane Gusti Allah.
2. Senapati Yusak tumuli ngandika marang bangsa iku kabeh: Pangandikane Pangeran Yehuwah Gusti Allahe Israel mangkene: Dhek biyen leluhurira padha manggon ana ing sabrange bengawan Efrat yaiku Terah bapakne Abraham lan Nahor, sarta padha ngabekti marang allah liyane.
3. Nanging leluhurira Abraham nuli Sunpundhut saka ing sabrange bengawan Efrat kono, Sundhawuhi ndlajahi satlatahe tanah Kanaan kabeh, sarta turune Sundadekake akeh tuwin Sunparingi Iskak.
4. Iskak iku Sunparingi Yakub lan Esap; sarta Esap Sunparingi pagunungan Seir dadi darbeke, dene Yakub saanak putune nuli padha lunga menyang ing tanah Mesir.