7. Anadene mungguh talere Manasye kang separo iku wus padha diparingi panduman dening Nabi Musa ana ing tanah Basan; dene separone wus diparingi panduman dening Senapati Yusak ana ing antarane para sadulure ing sakulone bengawan Yarden. Iku wus uga dililani mulih menyang ing kemahe dening Senapati Yusak kalawan padha disangoni berkah,
8. sarta dipangandikani mangkene: “Padha muliha menyang ing kemahmu klawan nggawa kasugihan akeh lan raja-kaya akeh banget, apadene selaka, mas, tembaga lan wesi, tuwin sandhangan kang luwih dening akeh. Barang rayahan saka mungsuhmu iku edum-edumen karo para sadulurmu.”
9. Mangkono dadine bani Ruben, bani Gad tuwin separoning taler Manasye mau padha bali mulih, ninggal wong Banisrael, mangkat saka ing Silo ing tanah Kanaan menyang tanah Gilead, kang wus dadi darbeke lan wus dienggoni ngetrepi dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.
10. Satekane ing Gilead, ing sapinggire bengawan Yarden, ing wewengkone tanah Kanaan, bani Ruben lan bani Gad tuwin separoning talere Manasye mau tumuli padha gawe misbyah ana ing sapinggire bengawan Yarden kono, misbyah kang gedhe.