Yusak 17:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Taler Manasye undhiane iya banjur oleh, amarga iku putra pambajenge Sang Adipati Yusup. Makhir pembarepe Manasye, bapakne Gilead, iku sarehne prajurit, mulane wus kaparingan tanah Gilead lan Basan.

2. Mulane turune Manasye liyane padha oleh panduman iku miturut gotrahe, yaiku kanggo bani Abiezer, bani Helek, bani Asriel, bani Sekhem, bani Hefer, lan bani Semida; iku turune lanang Manasye putrane Sang Yusup miturut gotrah-gotrahe.

3. Dene Zelafehad trahe Hefer bin Gilead, bin Makhir, bin Manasye iku ora duwe anak lanang, nanging mung anak wadon, yaiku: Makhla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza.

4. Iku padha marak marang ing ngarsane Imam Eleazar lan marang ing ngarsane Senapati Yusak bin Nun sarta ing ngarsane para panggedhe, ature: “Sang Yehuwah sampun dhawuh dhateng Nabi Musa supados kula sami kaparingana tanah-pusaka wonten ing satengahing sanak-sadherek kula.” Mulane anake wadon Zelafehad mau banjur padha diparingi tanah-pusaka ana ing satengahe para sadulure bapakne, condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah.

5. Mulane taler Manasye oleh sepuluh panduman, liya saka tanah Gilead lan tanah Basan kang ana ing sabrange bengawan Yarden.

Yusak 17