Yunus 4:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Lelakon kang kaya mangkono iku ndadekake pegeling panggalihe Nabi Yunus, banjur tuwuh dukane.

2. Tumuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Yehuwah, rak sampun makaten pangraos kawula, nalika kawula taksih wonten ing nagari kawula? Inggih punika sababipun, kawula nunten lumajeng dhateng Tarsis; awitdene kawula sumerep, bilih Paduka punika Gusti Allah ingkang asih-mirma tuwin welasan, ingkang ageng kasabaranipun, ingkang luber kadarmanipun saha ingkang apiduwung ing ngatasipun bilai ingkang badhe kadhawahaken.

3. Ingkang punika, dhuh Yehuwah, mugi karsaa mundhut nyawa kawula, margi langkung sae kawula pejah tinimbang kaliyan gesang.”

4. Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Anggonira nepsu iku apa wus sabenere?”

Yunus 4