Yokanan 8:57-59 Kitab Sutji (JAV)

57. Pangucape wong Yahudi sabanjure: “UmurMu durung nganti seket taun, kapriye anggonMu wus weruh Rama Abraham?”

58. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana.”

59. Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci.

Yokanan 8