Yokanan 15:15-18 Kitab Sutji (JAV)

15. Aku ora ngarani abdi maneh marang kowe, sabab abdi iku ora sumurup marang panggawene bendarane, nanging kowe wus padha Dakarani mitra, jalaran sabarang kang wus Dakrungu saka RamaKu, iku wus Daksumurupake kabeh marang kowe.

16. Dudu kowe kang padha milih Aku, nanging Aku kang milih kowe. Sarta Aku wus netepake, supaya kowe padha lunga lan metokake woh lan wohmu iku lestaria, dimen kowe padha kajurungana apa kang koksuwun marang Sang Rama atas saka jenengKu.

17. Iki pepakonKu marang kowe: Padha tresna-tinresnanana.”

18. “Manawa kowe padha disengiti dening jagad, wruhanamu yen Aku wus disengiti sadurunge kowe.

Yokanan 15