3. Ing ngarepe ana geni kang memangsa nganti ludhes,lan ing burine ana urubing geni kang nggesengake.Tanah kang ana ing ngarepe kaya patamanan Eden,nanging ing burine pasamunan kang mati;sarta ora ana kang bisa ngoncati bangsa mau.
4. Rupane kaya jaran,lan playune iya kaya jaran mbandhang.
5. Anggone padha mencolot-mencolot ngliwati pucake gunung-gunungkaya kumrasaking kreta,lan kaya perkataking genikang ngobong dami;kaya bangsa kang kuwat,wadya-balane samekta ing perang.
6. Adu arep karo iku, bangsa-bangsa padha gumeter,guwayane kabeh padha saya pucet.
7. Playune kaya pahlawan,kaya prajurit anggone ngunggahi baluwarti,siji-sijine padha lumaku terusora nganggo nyimpang saka ing dalane;
8. ora padha suk-sukan,siji-sijine ngambah ing dalane dhewe,nrajang pabarisan kalawan sikep gegaman tumbak,anggone baris kareksa aja nganti pedhot.
9. Banjur nyerbu menyang ing jero kutha,ngunggahi baluwarti,padha menek lumebu ing omah-omah,lumebune metu ing cendhela kaya maling.
10. Bumi gumeter ana ing ngarepe,langit gonjang-ganjing,srengenge lan rembulan padha dadi peteng,sarta lintang-lintang ilang cahyane.
11. Pangeran Yehuwah nuli ngedalake swarane,ana ing ngarepe wadya-balane,mangka wadya-balane iku luwih dening akeh,sarta kang nindakake sabdane iku santosasabab ngedab-edabi dinane Sang Yehuwah ikusarta nggegirisi banget,sapa kang bisa mbetahake?
12. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Nanging saiki uga, padha mratobatamarang Ingsun kalawan gumolonging atinira,kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”