Yesaya 7:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. sabab Damsyik iku ibu-kotaning Aram,lan Rezin iku sesirahe Damsyik.Ing sajrone sawidak lima taunEfraim bakal pecah ora dadi bangsa maneh.

9. Lan Samaria iku ibu-kotane Efraim,sarta anake Remalya iku sesirahe Samaria.Manawa sira padha ora pracaya,sira ora bakal padha tulus santosa.”

10. Sang yehuwah nglajengake pangandikane marang Sang Prabu Akhas, mangkene:

11. “Sira nyuwuna sawijining pratandha marang Sang Yehuwah Gusti Allahira, sanadyan iku saka ing jagading wong mati kang ana ing ngisor dhewe utawa saka ing panggonan kang dhuwur dhewe, kang ana ing ngaluhur.”

12. Nanging unjuke Sang Prabu Akhas: “Kawula boten purun nyuwun, kawula boten purun nyobi dhumateng Sang Yehuwah.”

13. Nabi Yesaya nuli matur: “Dhuh tedhakipun Sang Prabu Dawud, mugi sami karsaa midhangetaken! Punapa dereng cekap panjenengan dalem sami damel sayahipun tiyang, ngantos panjenengan dalem ugi damel sayahipun Gusti Allah kawula?

14. Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.

15. Panjenenganipun badhe dhahar kaniling susu tuwin maben ngantos saged nampik ingkang awon saha milih ingkang sae,

16. awit saderengipun putra wau saged nampik ingkang awon tuwin milih ingkang sae, nagari ingkang ratunipun kekalih panjenengan dalem ajrihi punika badhe katilar suwung.

17. Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken dhumateng panjenengan dalem lan dhumateng kawula dalem sarta dhumateng kulawarga dalem dinten-dinten ingkang dereng nate wonten wiwit nalika Efraim nebihi Yehuda -- inggih punika ratu ing Asyur.”

18. Ing dinten wau badhe kelampahan:Pangeran Yehuwah singsot nimbali laleringkang wonten sungapaning pangpangipun benawi Nil,saha nimbali tawon ing tanah Asyur.

19. Punika sadaya badhe dhateng tuwin mencok ing lembah-lembah ingkang sungilsaha ing lowah-lowahing redi-redi parang,ing sakathahing pager erisarta ing sakathahing pangenan.

Yesaya 7