6. Rungokna, ana swara rame saka ing kutha,rungokna, tekane saka ing Padaleman Suci!Rungokna, Pangeran Yehuwah ndhawahake piwalesmarang para satrune!
7. Sadurunge nglarani wus nglairake anak,sadurunge krasa, wus nglairake anak lanang.
8. Sapa kang wus tau krungu bab kang kaya mangkono iku,sapa kang wus tau sumuurp kang mangkono iku?Apa bisa sawijining nagara dilairake ing sajroning sadina,tuwin sawijining bangsa dilairake sapisan?Nanging lagi bae nglarani,Sion wus nglairake anak-anake.
9. Ingsun kang mbikak guwa-garbaning wong,apa ora banjur damel supaya nglairake bayi?,mangkono pangandikane Sang Yehuwah.Utawa apa iya Ingsun kang damel supaya nglairake bayi,banjur nutupi guwa-garbane maneh?,mangkono pangandikane Gusti Allahira.
10. Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem,he sakehe wong kang padha tresna karo kutha iki!Padha giyak-giyaka bebarengan sakatogira,he sakehe wong kang padha prihatin marga saka kutha iku!,