Yesaya 65:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Wus dadi keparenging panggalihingSun paring pituduh marang wong kang ora nakokake marang Ingsun;wus dadi keparenging panggalihingSun, Ingsun ditemu dening wong kang ora ngupaya marang Ingsun.Ingsun wus ngandika: “Iki Ingsun, iki Ingsun!”marang bangsa kang ora nyebut asmaningSun.

2. Sadina muput anggoningSun wus ngegarake astaningSunmarang suku bangsa kang mbalela,kang lumaku ing dalan kang ora beciklan kang ngenut rancangane dhewe;

3. suku bangsa kang gawe gerahing panggalihingSuntansah ana ing ngarsaning paningalingSun,kalawan caos kurban ana ing patamanan-patamananing dewalan ngobong kurban ana ing dhuwur bata;

4. kang lungguh ing kuburan-kuburanlan nginep ana ing guwa-guwa;kang mangan daging babisarta kwaline isi duduh daging najis;

5. kang celathu: “Ngedoha kana, aja ndemok aku,mundhak dadi suci marga saka aku!”Kabeh iki kaya pega kang lumebu ing grananingSun,kaya geni kang murub sadina muput.

6. Lah ing ngarsaningSun wus ana tulisan mangkene:Ingsun ora bakal kendel bae,Ingsun malah bakal ndhawahake piwales,piwales marang para wong iku,

7. marga saka kaluputane wong-wong iku dhewe, lan kaluputane para leluhure,kabeh iku bareng, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.Amarga wus padha ngobong kurban ana ing gunung-gununglan nenacad Ingsun ana ing tengger-tengger.Ingsun pancen bakal naker ana ing jubahepituwasing panggawe-panggawene kang biyen!

8. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Kayadene tembunge wong manawa ing dhompolan anggur isih ana banyune:iku aja dirusak,sabab ing jerone isih ana berkahe!mangkono uga Ingsun bakal tumandang marga saka para abdiningSun,yaiku wong-wong iku ora kabeh Sunsirnakake.

9. Ingsun bakal nukulake turun saka Yakub,lan wong saka Yehuda kang bakal maris gunung-gunungingSun;wong-wong pepilihaningSun kang bakal tampa iku sarta para abdiningSun kang bakal manggon ing kono.

Yesaya 65