Yesaya 63:12-16 Kitab Sutji (JAV)

12. ingkang kalayan astanipun ingkang luhurnganthi Nabi Musa wonten ing tengenipun;ingkang mbelah toya wonten ing ngajenging umatipunsupados langgengnga asmanipun;

13. ingkang nuntun umatipun nglangkungi samodra agungkadosdene kapal nglangkungi ara-ara samun?Tiyang-tiyang wau boten nate kesandhung,

14. kadosdene raja-kaya ingkang tumurun ing lebak.Rohipun Sang Yehuwah nuntun dhateng ing palereman.Inggih makaten punika anggen Paduka nuntun umat Paduka supados asma Paduka kaluhuraken.

15. Paduka mugi karsaa mirsani saking swargasaha karsaa nguningani saking padaleman Paduka ingkang suci saha agung!Wonten ing pundi ta bentering panggalih Paduka saha kasantosan Paduka,panggalih Paduka ingkang trenyuh tuwin sih-piwelas Paduka?Paduka mugi sampun ngantos ngampah panggalih Paduka piyambak!

16. Paduka punika rak Rama kawula sadaya?Rama Abraham saestu boten uninga punapa-punapa ing bab kawula sadaya,saha Rama Israel boten tepang kaliyan kawula sadaya.Dhuh Yehuwah, Paduka piyambak punika Rama kawula sadaya;asma Paduka punika “Panebus kawula” wiwit ing jaman kina.

Yesaya 63