Yesaya 61:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun,awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun;Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara,tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine,ngundhangake lepasing para tawanan,sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,

2. ngundhangake taun sih-rahmating Sang Yehuwahlan dina tumibane piwalesing Allah kita,nglipur sakehing wong kang nandhang susah,

3. ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu,lenga-pesta minangka liruning bagor,kidung pangalembana minangkagegentining jiwa kang nglentrih,supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”,“tanemaning Pangeran Yehuwah”kanggo ngatonake kaluhurane.

4. Wong-wong mau bakal padha mbangun gempuran kang wus atusan taun anane,sarta ngedegake maneh panggonan-panggonan kang wus dadi sepi wiwit biyen;bakal padha mbangun kutha-kuthakang wus dadi gempuran,panggonan-panggonan kang wus turun-tumurun sepi.

5. Para wong ngamanca bakal padha mbiyantu sira kabeh dadi pangoning wedhus-wedhusira,sarta wong-wong bangsa liyan bakal padha dadi petaniniralan tukang kebon ana ing pakebonanira anggur.

Yesaya 61