6. Nanging para Serafim mau ana siji kang banjur mabur marani aku; tangane nyekel mawa, kang kajupuk nganggo sapit saka ing sahuwure misbyah.
7. Mawa iku kasenggolake ing cangkemku kalawan pratela mangkene:“Delengen, lah iki wus nggepok lambemu,dadine kaluputanmu wus sirnalan dosamu wus kaapura.”
8. Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang ngandika:“Sapa kang bakal Sunutus,lan sapa kang gelem mangkat minangka utusaningSun?”Aku banjur munjuk: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”
9. Sawuse mangkono Panjenengane ngandika:“Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene:Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti!Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi!