7. iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang sucilan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun.Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehankang kacaosake ana ing misbyahingSun,awit padalemaningSun bakal sinebutdalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.
8. Mangkene pangandikane Pangeran Allahkang nglempakake para wong Israel kang kabuwang:Ingsun bakal nglempakake wong manehSunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.”
9. He sakehe kewan ing ara-ara,he sakehe kewan ing alas,padha mrenea lan padha mangana!
10. Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta,kabeh padha ora ngreti apa-apa;kabeh iku asu bisu,kang ora bisa njegug;padha keklemprakan kalawan ngalamunsarta mung padha seneng turu bae;
11. asu-asu kang srakah,kang ora tau krasa wareg.Mangka iya wong-wong iku kang padha dadi pangon,kang padha ora bisa neniteni!Padha lumaku ing dalane dhewe-dhewe kabeh,siji-sijine padha mburu kauntungan,ora ana kang ora mangkono.