1. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:Sira padha netepana angger-angger lan njejegna kaadilan,awit sadhela engkas karahayonkang saka Ingsun wus bakal teka,sarta kaadilaningSun bakal kalairake.
2. Rahayu wong kang nglakoni,lan anaking manungsa kang nggondheli iku,kang netepi dina Sabat lan ora dinajisake,sarta kang mekak awake aja nganti nindakake sadhengaha piala.
3. Aja nganti wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah iku celathu:“Pangeran Yehuwah mesthi bakal misah aku saka umate,”sarta aja nganti wong kebiren muni:“Aku iki satemene wit kang garing.”