Yesaya 43:13-22 Kitab Sutji (JAV)

13. Uga sabanjure Ingsun iki tetep Panjenengane,tuwin ora ana kang bisa luwar saka ing astaningSun;Ingsun kang nindakake, sapa kang bisa malangi?”

14. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,Juru Panebusmu, Kang Mahasuci,Gusti Allahe Israel:“Marga saka sira Ingsun karsa utusan wong menyang ing Babillan karsa nyingkirake slarak-slarake lawanging pakunjaran kabeh,tuwin surak-surake wong Kasdim banjur dadi pasambat.

15. Ingsun iki Yehuwah, Kang Mahasuci, Allahira,Ratunira kang nitahake Israel.”

16. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah,kang wus karya dalan ngliwati sagaralan ngliwati banyu kang ngedab-edabi,

17. kang wus dhawuh marang kreta lan jaran supaya padha ngetoni perang,uga wadya-bala lan wong prakosa --iku padha gumlethak, ora bisa tangi,wus padha mati, wus mati kaya uceng-uceng --.

18. Mangkene pangandikane: “Aja padha ngeling-eling bab-bab kang wus kepungkur,lan aja mikir marang bab-bab kang wus kelakon dhek jaman kuna!

19. Lah Ingsun karsa damel kang anyar,kang saiki wus tuwuh, apa sira durung sumurup?Malah Ingsun bakal karya dalan ana ing ara-ara samunlan kali-kali ana ing pasamunan.

20. Kewan ing alas bakal ngluhurake Ingsun,asu ajag lan manuk unta,awit Ingsun wus karya banyu kang muncar-muncar ing ara-ara samunlan kali kang padha mili ing pasamunan,kanggo ngombeni umat pepilihaningSun;

21. umat kang wus Ingsun dhapuk kagem Ingsuniku bakal martakake misuwuringSun.”

22. “Sanyata, sira ora nyebut marang Ingsun, he Yakub,sarta sira ora mreduli marang Ingsun, he Israel.

Yesaya 43