6. banjur padha dipangandikani dening Nabi Yesaya mangkene: “Sami kula aturi munjuk dhumateng gusti panjenengan: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang diucapake dening para bature raja Asyur kanggo ngala-ala marang Ingsun iku.
7. Lah Ingsun bakal ngutus roh supaya manjingi dheweke, kang njalari banjur mulih menyang ing nagarane amarga krungu sawijining kabar; Ingsun bakal damel supaya raja iku ambruk mati dening pedhang ana ing nagarane dhewe.”
8. Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis.
9. Nalika samana Sang Prabu mireng kabar bab Sang Prabu Tirhaka, ratu nagara Etiopia, mangkene: “Panjenenganipun sampun pangkat badhe perang nglawan panjenengan dalem,” tumuli ngintunake utusan-utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kanthi kaweling mangkene:
10. “Sira padha matura marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mangkene: Panjenengan sampun ngantos kenging dipun apusi dening Allah panjenengan ingkang panjenengan ugemi saha ingkang paring janji: Yerusalem ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.