Yesaya 33:3-9 Kitab Sutji (JAV)

3. Rikala mireng gumuruhing swara nalika Paduka jumeneng,para bangsa sami lumajeng tuwin para suku bangsa sami buyar.

4. Wong banjur padha nglumpukake jarahan kayadene walang kang srakah kang mangan pakane;padha ngebyuk kaya panempuhing walang gegrombolan.

5. Pangeran Yehuwah iku dhuwur aluhur, awit akadhaton ing ngaluhur;Sion kagawe kebak kaadilan lan kabeneran.

6. Jaman tentrem bakal nekani kowe;kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh;wedi-asih marang Sang Yehuwah,iku kang dadi raja branane Sion.

7. Delengen, wong-wong Ariel padha sesambat ana ing dedalan,para utusan kang ngupaya karukunan padha nangis kepati.

8. Lurung-lurung dadi sepituwin wong ora ana siji bae kang lumaku ing dalan.Prajanjian wus diselaki,para seksi wus padha katampik,tuwin manungsa ora digubres.

9. Nagara susah lan aclum;Libanon kisinan lan ambruk mati;Saron wus kaya ara-ara,Basan lan Karmel padha brindhil.

Yesaya 33