1. Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka punika ingkang dados Allah kawula;kawula badhe ngluhuraken Paduka, badhe ngrepekaken kidung panuwun kagem asma paduka;amargi kalayan setya lan santosa anggen Paduka sampun nindakaken rancangan paduka ingkang elokingkang wontenipun sampun wiwit ing kina mila.
2. Awit kitha punika sampun Paduka dadosaken tumpukan sela,saha kitha-beteng punika dados jugrugan;purining bangsa manca sampun sanes kitha malih,lan boten badhe kabangun malih ing salaminipun.
3. Mila satunggaling bangsa ingkang santosa badhe ngluhuraken Paduka;kithaning para bangsa ingkang prakosabadhe ajrih-asih dhumateng Paduka.