3. Bumi bakal kadadekake ludhes babar pisan,lan bakal dijarah-rayah entek-entekan,awit Sang Yehuwah kang ngandika mangkono.
4. Bumi katon susah alum,malah jagad banjur nglayung layu,langit lan bumi nglayung bebarengan.
5. Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni,amarga padha nglanggar angger-angger,ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng.
6. Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat,lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman;awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna,lan manungsa bakal mung kari sathithik.
7. Anggur ora gawe bingar maneh,wite anggur nglayung,lan sakehe wong kang bungah atine bakal sesambat.