Yesaya 2:9-13 Kitab Sutji (JAV)

9. Kados makaten anggenipun manungsa dipun telukakensaha anggenipun tiyang kaesoraken-- tiyang-tiyang wau mugi sampun kaapunten!

10. Lumebua ing sela-selaning gunung paranglan ndhelika ing rong ing sajroning lemahmarga saka pagirise Sang Yehuwahsarta marga saka cahyaning kamulyane!

11. Manungsa kang gumunggung bakal kaesorakelan wong kang angkuh bakal kadhingklukake,sarta mung Pangeran Yehuwah kang mahaluhur ing dina iku.

12. Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahnemtokake dinane anggone bakal ngukumsakehe wong kang kumalungkung lan angkuhsarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;

13. ngukum sakehing wit eres ing Libanonkang tuwuh mandhuwur lan tetep munggul,tuwin ngukum sakehing wit elah ing Basan;

Yesaya 2