Yesaya 19:7-14 Kitab Sutji (JAV)

7. Suket ing pinggiring bengawan Nillan apa kang kasebar ing lebaking bengawan maubakal dadi aking, katiup ing angin lan wus ora ana maneh.

8. Para juru amek iwak bakal padha sesambat lan susah,yaiku sakehe wong kang padha mancing ing bengawanl Nil;sakehe wong kang njala ana ing konobakal padha ngenes uga.

9. Wong-wong kang gawe lena bakal padha kawirangan,mangkono uga para wong nenun mori.

10. Wong kang padha nenun bakal remuk atine,sakehe buruh bakal sedhih atine.

11. Para panggedhe ing Zoan iku padha bodho-bodho,para juru pirembage Pringon kang wicaksana dhewe padha nyaosi pamrayoga kang bodho.Kapriye dene sira padha bisa matur marang Pringon:“Kawula punika anakipun para tiyang wicaksana,turunipun para ratu ing jaman kina?”

12. Endi wong-wongira kang wicaksana?Iku cikben padha pratela marang sira lan aweh weruh apa kang wus kaputus dening Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah tumrap Mesir.

13. Para panggedhe ing Zoan tumindake gemblung,para panggedhe ing Memfis wus padha kapusan;para pangareping suku-sukunewus padha mbingungake Mesir.

14. Pangeran Yehuwah wus ngesokake ana ing tengahesawijining roh kang ngisruhake,lan iku padha gawe bingunging Mesir ing bab pambudidayane kabeh,nganti kaya wong mendem kang mumet nalika mutah-mutah.

Yesaya 19