22. Wong Mesir bakal dirangket dening Sang Yehuwah, bakal dirangket, banjur diwarasake; nuli bakal padha mratobat marang Sang Yehuwah, tuwin Panjenengane bakal ngabulake pandongane lan nyarasake wong-wong mau.
23. Ing wektu iku bakal ana dalan gedhe saka ing Mesir menyang ing Asyur, satemah wong Asyur bisa lumebu ing Mesir lan wong Mesir bisa lumebu ing Asyur, sarta wong Mesir bakal ngabekti bebarengan karo Asyur.
24. Ing wektu iku Israel bakal dadi kang katelu sawuse Mesir lan Asyur, sawijining berkah ana ing bumi,
25. kang diberkahi dening Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kalawan pangandika: “Binerkahana Mesir, umatingSun, lan Asyur, pakaryaning astaningSun, sarta Israel warisaningSun.”