Yesaya 14:24-29 Kitab Sutji (JAV)

24. Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah wus supaos, pangandikane:“Sanyata kaya kang Sunkarsakake,iya mangkono bakal kelakone,lan kaya kang Sunrancang, iya mangkono bakal tumindake:

25. Ingsun bakal mbengkas wong Asyur ana ing nagaraningSunpadha Sunidak-idak ana ing gunungingSun;pasangan kang dietrapake ing umatingSun dening wong-wong mau bakal kabuwangmangkono uga momotan kang ditumpangake ing pundhake.”

26. Yaiku rancangan kang wus kadameltumrap salumahing bumi,lan yaiku asta kang kaayatakemarang sakehe bangsa.

27. Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah wus ngrancang,sapa kang bisa murungake?Astane wus kaayatake?sapa kang bisa ngundurake?

28. Ing taun sedane Sang Prabu Akhas ana wangsit kang mangkene iki:

29. Aja bungah-bungah, he tanah Filisti kabeh,awit sanadyan gadane wong kang nggebug kowe wus tugel,nanging ula iku bakal nurunake ula bedhudhak,lan anake bakal dadi ula naga kang bisa mabur.

Yesaya 14