9. Dinane Sang Yehuwah pranyata rawuh tanpa welas,kalawan bebendu lan deduka kang mulad-mulad,arep damel sepi mamringing bumiarep nyirnakake wong-wong ing kono kang padha agawe dosa.
10. Sabab lintang-lintang lan golongane ing langitbakal ora padha nyunarake cahyane;srengenge bakal dadi peteng nalika mlethek,lan rembulan ora bakal nyorotake sunare.
11. Ingsun bakal males pialane donya,lan kaluputane wong duraka;gumunggunging wong-wong kang kumawani bakal Sunuwisi,sarta kumlungkunge para wong ambek siya bakal Sunendhakake.
12. Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa,lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.