Yesaya 13:3-8 Kitab Sutji (JAV)

3. Ingsun iki wus paring dhawuh marang para wong kang Sunsucekake,wus nimbali para wongingSun kang prakosasupaya matrapi paukumaning bebenduningSun,marang para wongingSun, kang padha suka-suka lan gumunggung.

4. Ana swara rame ing gunung-gunung,kaya swaraning kumpulaning wong kang akeh cacahe!Swara gumuruhing karajan-karajan,lan bangsa-bangsa kang padha nglumpuk!Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitahlagi niti-priksa wadya-bala perang.

5. Iku padha teka saka ing nagara kang adoh,malah saka ing poncoting langit,yaiku Sang Yehuwah lan kang nibakake dedukanearep padha ngrusak saindenging bumi.

6. Padha ngadhuh-adhuha, sabab dinane Sang Yehuwah wus cedhak,tekane iku kayadene pangrusak saka Kang Mahakwasa.

7. Awit saka iku sakehing tangan bakal dadi lemes,lan atine saben manungsa bakal luluh,

8. sarta wong-wong bakal padha kaget.Lara mules lan lara nguwat bakal tumempuh marang wong-wong mau,padha ngolang-ngaling kaya wong wadon nglarani.Bakal padha pandeng-pandengan kalawan kaebatan,raine padha kaya wong kang lara kadhemen.

Yesaya 13