10. Sabab lintang-lintang lan golongane ing langitbakal ora padha nyunarake cahyane;srengenge bakal dadi peteng nalika mlethek,lan rembulan ora bakal nyorotake sunare.
11. Ingsun bakal males pialane donya,lan kaluputane wong duraka;gumunggunging wong-wong kang kumawani bakal Sunuwisi,sarta kumlungkunge para wong ambek siya bakal Sunendhakake.
12. Ingsun bakal damel aranging wong ngungkuli emas tuwa,lan aranging manungsa ngungkuli emas Ofir.
13. Mulane Ingsun bakal damel gumetering langit,lan bumi bakal gonjing ngalih saka ing panggonane,yaiku ing wektu bebendune Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,lan ing dina dedukane kang mulad-mulad.