3. Apa kang bakal padha sira alkoni ing dina paukuman,lan ing wektu tekane kasangsaran kang adoh sangkane?Sira bakal padha lumayu njaluk tulung marang sapa,sarta kasugihanira bakal sira tinggal ana ngendi?
4. Sira ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung njingkrung ana ing satengahe wong-wong kang kinepung,sarta tiwas ana ing satengahe para wong kang pinatenan!Sanadyan iki kelakon kabeh, dukane Sang Yehuwah durung mendha,lan astane isih kaagagake.
5. Bilai Asyur, kang dadi cambuking dukaningSunlan kang dadi gitiking bebenduningSun!
6. Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad,tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun,supaya ngrerampas lan njarah-rayah,sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung.
7. nanging dheweke dhewe karepe ora mangkonolan ora mangkono rancanganing atine,anadene niyate atine arep numpestuwin nyirnakake bangsa pirang-pirang.
8. Amarga pangucape:“Para panggedhening wadya-balaku rak raja-raja kabeh?
9. Kaanane Kalno rak padha kaya Karkhemis,utawa Hamat rak padha kaya Arpad,lan Samaria rak padha kaya Damsyik?
27a. Ing wektu iku momotan kang ditumpangake ing pundhakira dening bangsa mau, bakal kabuwang, lan pasangan kang kaetrapake ing gulunira bakal ilang.”
27b. Asyur wus jumedhul saka ing Rimon
28. lan wus nempuh Ayat;sarta wus ngliwati Migron,tuwin nata gegawane ana ing Mikhmas.
29. Wus padha liwat ing jurang panyabrangan, kalawan nguwuh:“Geba iku papan panginepan kita!”Kang manggon ing Rama padha gumeter,kang manggon ing Gibea-Saul padha mlayu.
30. Jerit-jerita, he putri Galim!Gatekna, he Laisya!Wangsulana, he Anatot!
31. Kang manggon ing Madmena lumayu adoh,wong Gebim lunga ngungsi.
32. Dina iki uga Asyur bakal leren ing Nob,ngacung-acungake tanganemarang gununge putri Sion,tenggere Yerusalem.
33. Lah Pangeran, Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitahbakal nyembali pang-pang wit kalawan kakuwatan kang nggegirisi;kang thukule dhuwur-dhuwur bakal ditegor,lan kang munggul mandhuwur bakal padha dicendhekake.
34. Kayu-kayuning alas bakal dibabadi kalawan wadung,sarta Libanon dalah wit-witane kang ngedab-edabi bakal rubuh.