27. Ingsun wus ngangkat sira saka ing antaraning para umatingSun dadi tukang neter,sira kudu ngreti carane niti-priksa,lan kudu neter tindak-tanduke.
28. Wong-wong iku kabeh padha wong kang seneng tumindak duraka,mloka-mlaku mrana-mrene mitenah wong;kabeh padha laku ala!
29. Ububan wis ngempus-empusnanging kang metu saka geni mung timbel,tembaga lan wesi.Ora ana gunane mbesot terus-terusan,nanging para wong duraka ora bisa kapisah.
30. Wong iku aranana salaka buwangan,amarga Sang Yehuwah wus nampik wong iku!