Yeremia 6:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Omah-omahe bakal dadi duweke wong liya,dalasan pategalan-pategalane lan bojo-bojone.“Lah, astaningSun bakal Sunacungake,nglawan wong kang manggon ing nagara kene,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

13. Lah, wiwit saka kang cilik nganti tumeka kang gedhe,panunggalane wong-wong iku,kabeh padha ngudi oleh bathi,dadia nabi dadia imam kabeh padha ngapusi.

14. Padha nambani tatune umatingSun,iku kaangep entheng, celathune:Tentrem rahayu! Tentrem rahayu!Nanging ora ana tentrem rahayu.

15. Pancene kudu padha rumangsa wirang,amarga padha nindakake kanisthan,nanging babar pisan ora rumangsa isinlan padha ora nyumurupi ing kanisthane.Mulane bakal padha ambruk ana ing satengahe wong kang padha ambruk;bakal padha kesandhung lan tibaing nalika Ingsun ngadili wong-wong iku,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

16. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Sira padha ngadhanga ana ing dedalan lan ngawasnatakokna dalan-dalan kang kuna-kuna,endi kang becik, liwatana,sarana mangkono nyawanira bakal oleh katentreman.Nanging wong iku padha ngucap:Aku padha emoh liwat ing kono!

17. Ingsun uga wus ngangkat wong kang padha jaga,dhawuhingSun: “Pada ngrungokna unining kalasangka!Nanging padha mangsuli: Aku padha emoh ngrungokake!

18. Mulane padha rungokna, he para bangsa,lan kawruhana, he pasamuwan,wong iki bakal padha nemahi apa?

19. He bumi, tilingna!Lah, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang bangsa iki,minangka wohing rancangane wong-wong iku,amarga padha ora ngrungokake marang dhawuhingSunlan nampik piwulangingSun.

Yeremia 6