Yeremia 5:20-27 Kitab Sutji (JAV)

20. Iki sira kandhakna marang para turune Yakublan iku sira wartakna ana ing tanah Yehuda,padha sira kandhanana mangkene:

21. “Iki rungokna, he bangsa kang goblog lan kang tanpa budi,kang duwe mripat nanging ora ndeleng,lan duwe kuping, nanging ora krungu!

22. Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, --lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun?Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara,kang dadi wewates tetep,kang ora kena dilangkahi?Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah,sanadyan alun-alune gumulung-gulung,iya ora bakal ngliwati watese.

23. Nanging bangsa iki atinetansah nglawan lan mbalela,wis padha nyimpang lan ngilang.

24. Ing sajroning atine ora padha mosik:Prayogane kita padha wedi marang Sang Yehuwah, Gusti Allah kita,kang paring udan ing kalamangsane,udan ing wiwitan lan wekasaning mangsa,lan netepake mangsa panen kang mesthi kanggo kita.

25. Durakanira kang ngalang-alangi iku kabeh,lan dosanira kang ngrendhetake kang becik tumrap sira.

26. Satemene, umatingSun ana kang duraka lan masang jaringe,kaya juru mikat manuk kang masang kalajirete,anggone padha nyekeli manungsa.

27. Kaya kurungan kang kebak manuk,kaya mangkono omahe kebak isi paracidra,iku kang njalari dadi wong gedhe lan sugih,

Yeremia 5