Yeremia 49:4-16 Kitab Sutji (JAV)

4. He putri kang kumlungkung,sira kok ngegung-ngegungake lebak-lebakiralan ngendelake raja-brananira sarta ngucap:Sapa kang wani teka nempuh aku?

5. Lah, Ingsun ndhatengake pagiris marang sira,-- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, --saka ing sakehing panggonan ing saubengiratemah sira padha pating jleritlumayu manut parane dhewe-dhewe,lan ora ana kang nglumpukake para wong kang pating blesar iku.

6. Nanging sawise mangkono Ingsun bakal mulihakekaanane bani Amon iku.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

7. Tumrap Edom.Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi:“Apa wus ora ana kawicaksanan ing Teman?Pamrayogane para wong limpad ing budi apa wis ilang?Kawicaksanane apa wis musna?

8. He wong ing kutha Dedan, mlayua dikebat,ndhelika ing guwa-guwa!Amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Esaping samangsa Ingsun ngukum dheweke.

9. Yen juru ngundhuhi anggur nekani sira,bakal ora ngarekake turahaning pangundhuhe?Yen ana maling ing wayah bengi nekani sira,rak bakal ngrusak sasenenge?

10. Nanging Ingsun wus mblejedi Esap,ngeblakake papan-papan pandhelikanetemah ora bisa umpetan maneh.Turune wis tumpes, dene sadulur-sadulureapadene tangga-tangga bangsane wis ora ana maneh.

11. Tinggalen anak-anakira kang lola, bakal Sunuripi,cikben randha-randhanira kumandel marang Ingsun!”

12. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sanadyan para wong kang ora pantes ngombe isining tuwung iku, kapeksa wis ngombe, apa iya sira bakal luwar saka ing paukuman? Sira ora bakal luwar saka ing paukuman, nanging mesthi ngombe!

13. Amarga Ingsun wus supaos, demi Ingsun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Bozra bakal dadi garing, ciri, jugrugan lan ipat-ipat lan sakehe kuthane bakal dadi jugrugan kang langgeng!”

14. Aku wus krungu warta saka Sang Yehuwah,sawijining utusan wus kadhawuhan menyang ing satengahing para bangsa:“Padha ngumpula, majua, nempuha,samektaa ing perang!

15. Amarga lah, Ingsun wus ndadekake sira asorana ing antarane para bangsa,diremehake ana ing antarane manungsa.

16. Trajangira kang nggegirisilan kumlungkunge atinira, ngloropake sira,iya sira kang ana ing guwa-guwa parang,lan kang ana ing dhuwur gunung!Sanadyan sira gawe susuhira ana ing papan kang dhuwur,kaya manuk garudha,Ingsun bakal mlorodake sira saka ing kono,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

Yeremia 49