39. Iba kagete Moab! Iba wirange Moab, nganti ngumpetake raine! Moab wus dadi pepoyokan lan pagiris tumrap wong ing saubenge kabeh.
40. Amarga -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah: --Lah, tekane nglayang kaya manuk garudha,lan ngegarake swiwine ing sadhuwure tanah Moab.
41. Kutha-kutha padha dibedhah,beteng-beteng pananggulangan digempur,atine para prawiraning Moab ing kala semanakaya atine wong wadon kang lagi nglarani.
42. Moab bakal mari anggone dadi bangsa,amarga ngegungake dhiri ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
43. He wong isine nagara Moab,pagiris, luwangan lan kalajiret dadi pandumanira;-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
44. Kang keplayu marga saka pagirisbakal kecegur ing luwangan,kang krekelan saka ing luwangankena ing jiret.Lah, Ingsun ndhatengake iki kabeh marang Moab,ing taun tibaning paukumane,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --