7. Singa wus jumedhul saka ing grumbulan.Kang ngrusak para umat wus mangkat,wus metu saka ing panggonane,arep gawe cengkaring nagaranira;kutha-kuthanira bakal padha didadekake jugrugan,ora ana kang ngenggoni.
8. Mulane manganggoa sandhangan bagor,nangisa lan sesambata,amarga bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad ora bakal mendha saka ing kita.
9. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Ing wektu iku para raja lan para panggedhe bakal kelangan krekat,para imam bakal padha kagawokan lan para nabi padha kaeraman,
10. sarta padha ngucap: Dhuh Pangeran Yehuwah,sayektos, Paduka sampun damel kacelikipun bangsa punika,lan para ingkang manggen ing Yerusalemklayan pangandika Paduka ingkang makaten:Sira padha oleha tentrem rahayu,mangka jebul pedhang ingkang ngancam nyawa kawula sadaya!”