Yeremia 4:14-23 Kitab Sutji (JAV)

14. He Yerusalem, atinira resikana pialane,supaya sira oleh kaslametan!Isih pira suwene pangrantamira kang alaanggone andhok ana ing atinira?

15. Rungokna! Wong alok-alok saka ing Dhan,martakake bilai saka ing pagunungan Efraim.

16. Para bangsa padha elingna: Iku teka temenan!Wartakna ing Yerusalem:“Wong kang ngepung teka saka ing tanah kang adoh,padha ngulukake swarane marang kutha-kuthane Yehuda.

17. Patrape kaya wong kang tunggu pategalan,ngubengi saka ing keblat papat;amarga Yehuda wus mbalela marang Ingsun, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

18. Tindak-tandukira lan panggawenirakang njalari iku kabeh nempuh marang sira.Iku nasibira kang ala, sapira paite,nganti njojoh atinira.”

19. Adhuh, dhadhaku, dhadhaku!Aku lara kaya rinemet-remet!Adhuh, pagering jantungku!Jantungku dheg-dhegan, aku ora bisa lerem,amarga aku krungu swaraning kalasangka,gumuruhing perang.

20. Gempuran-gempuran kawartakake,saindenging nagara dirusak,kemahku dirusak dadakansamono uga tendhaku mung sakedhap netra.

21. Isih pira suwene maneh aku ndeleng bandera iku,lan krungu swaraning kalasangka iku?

22. “UmatingSun iku nyata-nyata bodho,padha ora wanuh marang Ingsun.Bocah-bocah kang goblog,lan ora ngreti apa-apa,pintere yen nindakake piala,nanging panggawe becik ora dimangreteni.”

23. Aku ndeleng bumi, lah wus worsuh lan suwung,lan aku tumenga marang ing langit, padhange wus sirna.

Yeremia 4