5. Wong bakal mangsah perang nglawan wong ing Kasdim lan kutha iki bakal kebak mayiting manungsa kang wus Sunpateni marga saka dukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun, awit Ingsun wus nyingidake wadananingSun saka ing kutha iki, marga saka sakehing pialane.
6. Lah, Ingsun bakal nuwuhake kawarasan lan kawaluyan sarta Ingsun bakal maluyakake wong iku lan paring karaharjan sarta katentreman nganti luber-luber.
7. Ingsun bakal mulihake kaanane Yehuda lan Israel lan bakal Sunbangun maneh kaya ing maune.
8. Ingsun bakal nucekake para wong iku saka ing sakabehe kaluputane kang dilakoni, anggone nindakake dosa ana ing ngarsaningSun lan Ingsun bakal ngapura sakehing kaluputan kang dilakoni kalawan anggone nindakake dosa lan anggone mbalela marang Ingsun.
9. Lan kutha iki bakal dadi bakuning kabungahan, kasuwur lan dadi pangaleman tuwin ingajenan tumrap Ingsun, ana ing ngarepe sakehe bangsa ing bumi; kang wus padha krungu bab sakehing kadarman kang Suntandukake marang bangsa iki; para bangsa bakal padha kaget lan gumeter, marga saka sakehing kadarman lan karaharjan kang Suntandukake marang bangsa iku.