16. Layang pratandha iku sawuse dakpasrahake marang Barukh bin Neria, aku nuli ndedonga, aturku:
17. Dhuh Pangeran Yehuwah! Saestu Paduka punika ingkang nitahaken langit tuwin bumi, kaliyan karosan Paduka ingkang ageng, lan asta Paduka ingkang kaegaraken. Boten wonten barang ingkang mokal kagem Paduka!
18. Paduka ingkang ngatingalaken sih-susetya Paduka dhateng tiyang ewon-ewon, ingkang malesaken dosanipun bapa dhateng anak-anakipun ing sapengkeripun. Dhuh Gusti Allah ingkang agung tuwin kuwaos, asma Paduka punika ingkang sinebut Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.
19. Agung rancangan Paduka saha agung pakaryan Paduka; tingal Paduka ngudaneni sadaya tindak-tanduking anakipun manungsa lan paring ganjaran dhumateng saben tiyang timbang kaliyan tindak-tanduk miwah wohing pandamelipun.
20. Paduka punika ingkang ngatingalaken pratandha tuwin kaelokan wonten ing tanah Mesir, ngantos dumugi ing dinten punika dhateng Israel lan dhateng umat manungsa, temah asma Paduka kasuwur, kados ingkang kacetha ing dinten punika.
21. Paduka sampun ngentasaken umat Paduka Israel saking tanah Mesir klayan pratandha tuwin kaelokan, srana asta ingkang rosa saha kaacungaken, sarta kanthi pagiris ingkang ngebat-ebati.