Yeremia 31:32-38 Kitab Sutji (JAV)

32. ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

33. Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, -- mangkono pangadikane Sang Yehuwah -- iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.

34. Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.”

35. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah,kang maringi srengenge kagawe madhangi awankang netepake rembulan lan lintang-lintangkanggo madhangi bengi,lan ngebur sagara, nganti alune molak-malik,-- asmane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --:

36. “Kayadene katemtuan iku anggone ora bakal gumingsir saka ing ngarsaningSun,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,iya kaya mangkono uga trahe Israel ora bakal pegat-pegat anggone dadi bangsa ana ing ngarsaningSuning sauruting jaman.

37. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Kayadene langit ora kena ingukur,lan dhasar-dhasaring bumi ngisor ora bisa katiti-priksa,mangkono uga Ingsun ora bakal nampik sakehing tedhak turune Israel, marga sakehing panggawene.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

38. Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- kutha iku bakal kabangun maneh konjuk marang Sang Yehuwah, wiwit saka ing menara Hananeel tutug ing Gapura Pojok,

Yeremia 31