Yeremia 28:14-16 Kitab Sutji (JAV)

14. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Allahe Israel: Pasangan wesi bakal Sunetrapake ana ing gulune sakehing bangsa iku, temah bangsa iku mau padha teluk marang Nebukadnezar, ratu ing Babil; sanyata, para raja iku mesthi bakal teluk! Dalah sato kewan ing ara-ara wus padha Sunparingake.”

15. Nabi Yeremia banjur ngandika marang Nabi Hananya: β€œHe Hananya, mara rungokna! Kowe ora diutus dening Sang Yehuwah, malah kowe ndadekake bangsa iki ngandel marang doracara,

16. mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sanyata, Ingsun bakal nyirnakake sira saka ing bumi; sajrone taun iki uga sira bakal mati, marga sira wus ngajak murtad saka ngarsane Sang Yehuwah.”

Yeremia 28