Yeremia 22:5-21 Kitab Sutji (JAV)

5. Nanging manawa sira ora ngrungokake pangandika iki, Ingsun wus supaos demi Ingsun piyambak, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- kraton iki bakal dadi jugrugan.

6. Amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah ing ngatasipun brayatipun Sang Nata ing Yehuda:Sira Sunanggep kaya Gilead,lan kaya pucake gunung Libanon!Nanging Ingsun mesthi bakal ndadekake sira dadi ara-ara samun,dadi kutha kang suwung.

7. Ingsun bakal netepake juru pangrusak tumrap sira,kang padha nggawa gegamane dhewe-dhewe:Wong iku bakal padha negori wit ereskang dadi pepethinganirakang banjur dicemplungake ing geni.

8. Lan samangsa akeh wong kang liwat ing kutha kene, iku bakal padha rerasanan: Yagene Sang Yehuwah nandukake kang kaya mangkene marang kutha kang gedhe iki?

9. Wong bakal mangsuli: Amarga wus padha lali marang prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan wus sujud nyembah marang allah liyane lan ngabekti marang iku.”

10. Sira aja nangisi wong mati,lan aja belasungkawa marga saka wong iku.Luwih becik sira nangisana kang wus lunga,amarga iku ora bakal bali maneh,lan ora bakal ndeleng tanah kelairane maneh.

11. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Salum bin Yosia, raja ing Yehuda, kang wus jumeneng raja, nggentosi Sang Prabu Yosia, kang rama, lan kang wus nilar tanah iki: “Dheweke ora bakal bali mrene maneh;

12. nanging bakal mati ana ing tanah pambuwangan lan ora bakal ndeleng nagara iki maneh.”

13. Bilai wong kang mbangun kratoneadhedhasar kang ora adil,lan pandhapane gedheadhedhasar pratingkah kang daksiya,lan kang magawekake pepadhane kanthi lelahanansarta ora menehi pituwase,

14. kang celathu: “Aku arep ngedegake kraton,kang gedhe amba lan pandhapane kang jembar bawera!”Temboking kraton banjur dietrapi cendhela-cendhelablabaging kraton kang kagawe kayu eres,sarta dicet abang.

15. Apa panganggepira sira iku raja,manawa padha rebut unggul bab migunakake kayu eres?Bapakira rak uga mangan lan ngombe,lan oleh kanikmatan?Nanging iku nindakake kaadilan lan kabeneran,

16. sarta mutusi prakarane wong sangsaralan wong miskin kalawan adil.Rak iku arane nganggep marang Ingsun?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

17. Nanging mripat lan atiniramung ngarah marang kauntungan,ngwutahake getihe wong kang ora luput,sarta nindakake pameres lan panganiaya.

18. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, raja ing Yehuda:“Wong ora bakal nangisi dheweke:Adhuh lae kakangku! Adhuh lae mbakyuku!Wong ora bakal nangisi dheweke:Adhuh lae gusti! Adhuh lae panjenengan dalem!

19. Anggone kakubur patrape bakal kaya mendhem kuldi,dilarak lan dibuwanging sajabaning gapurane Yerusalem.”

20. Sira munggaha ing gunung Libanon lan nguwuh-uwuha!Ulukna swaranira ana ing pagunungan Basan!Nguwuh-uwuha saka ing pagunungan Abarim,amarga sakehe kang padha sira tresnani wus padha tumpes!

21. Ingsun wus ngandika marang sira nalika sira santosa,nanging sira mangsuli: “Aku emoh ngrungokake!”Kaya mangkono tindak-tandukira wiwit nalika nom-nomanira,amarga sira emoh ngrungokake dhawuhingSun!

Yeremia 22