1. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira mangkata menyang ing kadhatone Sang Nata ing Yehuda lan dhawuhna pangandika iki ana ing kono!
2. Dhawuhna mangkene: He ratu Yehuda kang lungguh ing dhampare Dawud, sira, para punggawanira lan kawulanira kang lumebu liwat ing gapura-gapura kene!
3. -- Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: Tumindaka kang adil lan bener; wong kang dirayah wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya; sira aja nandukake panganiaya marang wong neneka, bocah lola lan randha, apadene aja ngwutahake getihe wong kang resik ana ing kene!
4. Amarga yen sira padha bisa nindakake iku kabeh kalawan temen-temen, bakal kelakon para raja, kang bakal lungguh ana ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan kaarak lumebu ing gapura-gapuraning kraton: para raja iku, para punggawane lan kawulane.