10. Amarga Ingsun wus nglawan kutha iki sarana ndhatengake bilai, lan ora marakake kabegjane; -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Kutha iki bakal Sunulungake marang ing tangane raja ing Babil, kang bakal ngobong kutha iki nganti entek.”
11. Katur dhumateng brayatipun Sang Nata ing Yehuda. Sami midhangetna pangandikanipun Sang Yehuwah:
12. “He para tedhak turune Dawud, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --:Saben esuk nindakna putusan kang adil,lan kang direbut wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya,supaya mulad-mulading bebenduningSunaja nganti nyamber kaya geni,sarta makantar-kantar,ora ana kang nyirep,marga saka panggawe-panggawenira kang ala!
13. Lah, Ingsun bakal dadi mungsuhira,he kutha kang ana ing lebak,gunung parang kang ana ing tanah ngare, --makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --:He sira kang muni: “Sapa kang wani ngudhuni akulan sapa kang bisa lumebu ing pasingidanku?
14. Ingsun bakal ndhawahake piwales marang sira,kang timbang karo wohing panggawenira, --makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, --Ingsun bakal ngurubake geni ana ing alase,kang bakal mangsa samubarang ing sakiwa-tengene nganti entek.”