Yeremia 17:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu,kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali,lan kang ora ngalami tekane panas sumelet,godhonge ajeg ijo,ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.

9. Ati iku culika banget,luwih culika katimbang apa bae,atine wis kaya watu:sapa kang bisa nyumurupi kaanane?

10. Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati,kang ndadar batining manungsa,lan banjur males marang saben wong,kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”

11. Kayadene ayam-alas kang ngengremi dudu endhoge,mangkono kaanane wong kang ngeruk bandha,kanthi patrap kang ora kalal;nalika nedheng-nedhenge umure,bakal koncatan sakabehe,temah ing wekasaning umurekesuwur dadi wong gemblung.

12. Dhuh Dhamparing kamulyan, ingkang luhur wiwit kina-makina,Padaleman Suci kita!

13. Dhuh Sang Yehuwah, Pangajapipun Israel,sadaya tiyang ingkang nyingkur Paduka temtu kawirangan.Para tiyang ingkang sami nyimpang saking Paduka,badhe kasirnakaken saking nagari,amargi sami nilar tuking toya gesang,inggih punika Sang Yehuwah.

14. Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken,temah kawula badhe saras;kawula mugi Paduka wilujengaken,temah kawula badhe wilujeng,amargi Paduka punika pepujan kawula!

15. Lah, tiyang punika sami wicanten dhumateng kawula:“Ana ing ngendi pangandikane Sang Yehuwah iku?Cikbene saiki teka!”

16. Ewasamanten kawula boten nate ngajapdhumateng Paduka supados ndhatengaken bilai,kawula boten ngajeng-ajeng dhatengipun dinten karibedan;inggih Paduka punika ingkang nguningani punapa ingkang medal saking lambe kawula,sadaya kabeber wonten ing ngarsa Paduka.

17. Paduka sampun ngantos dados pagiris tumrap kawula,Paduka punika dados pangauban kawula ing dinten bilai.

Yeremia 17