Yeremia 17:25-27 Kitab Sutji (JAV)

25. gapura-gapura iku bakal kaliwatan para raja lan para panggedhe, kang bakal lungguh ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan jaran: para ratu iku, para panggedhene, para wong Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem. Sarta kutha iki bakal dienggoni ing wong ing salawase.

26. Para wong saka ing kutha-kuthane Yehuda lan saka ing panggonan-panggonan ing sakubenge Yerusalem, saka tanahe Benyamin, lan saka Dhaerah Tengger, saka ing pagunungan sarta saka ing Tanah Negeb, kanthi nggawa kurban obaran, kurban sembelehan, kurban dhaharan lan menyan, ngaturake kurban pamuji sokur menyang ing padalemane Sang Yehuwah.

27. Balik samangsa sira padha ora ngrungokake dhawuhingSun lan ora nucekake dina Sabat lan memikul samubarang mlebu ngliwati gapurane Yerusalem ing dina Sabat, ana ing gapura-gapura kono Ingsun bakal ngurubake geni, kang bakal mangsa puri-puri Yerusalem nganti tapis, lan kang ora bisa sinirep.”

Yeremia 17