Yeremia 17:2-9 Kitab Sutji (JAV)

2. minangka pepeling tumrap para wong iku!-- Misbyah-misbyahe lan sesakaning brahalanepancen ana ing sandhinging wit kang nggrembel,ana ing tengger kang dhuwur,

3. yaiku ing pagunungan ing ara-ara. --Kasugihan lan sakehing raja-brananirabakal Sunparingake dadi rayahanminangka piwales tumrap ing dosaniraana ing saindenging tlatahira.

4. Sira bakal kelangan tanah-pusakanirakang wus Sunparingake marang siralan Ingsun bakal ndadekake sira dadi bature mungsuhiraana ing nagara kang durung sira sumurupi,amarga ing sajroning bebenduningSungenine wus murubkang bakal mulad-mulad ing salawase.”

5. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Kenaa ing ipat-ipat wong kang ngandelake marang manungsa lan karosane dhewe,sarta kang atine ngadoh saka Sang Yehuwah!

6. Dheweke bakal kaya rerungkudan brindhiling ara-ara samun,ora bakal ngrasakake tekaning kaanan kang becik;bakal manggon ing tanah garing ing pasamunan,ing tanah asin kang suwung.

7. Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah,lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah!

8. Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu,kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali,lan kang ora ngalami tekane panas sumelet,godhonge ajeg ijo,ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.

9. Ati iku culika banget,luwih culika katimbang apa bae,atine wis kaya watu:sapa kang bisa nyumurupi kaanane?

Yeremia 17