Yeremia 14:9-14 Kitab Sutji (JAV)

9. Punapaa dene Paduka kados tiyang bingung,kadosdene pahlawan ingkang boten sagah mitulungi?Nanging Paduka rak wonten ing tengah-tengah kawula,dhuh Sang Yehuwah, lan asma Paduka sinebat ing nginggil kawula.Kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken!”

10. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap bangsa iki: “Wong iku padha seneng nglembara lan ora ngampah sikile. Mulane ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, nanging samengko Panjenengane karsa ngengeti durakane lan arep ngukum dosane.”

11. Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja ndedonga amrih becike bangsa iki!

12. Sanadyan padha puwasa Ingsun ora bakal miyarsakake; sanadyan padha ngaturake kurban obaran lan kurban dhaharan, Ingsun ora bakal karenan marang bangsa iki, nanging Ingsun bakal numpes bangsa iki kalawan pedhang, pailan lan pageblug.”

13. Aku banjur munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah! Para nabi rak sampun nyariyosi dhateng tiyang-tiyang punika: Sira ora bakal padha ngalami perang lan ora bakal katempuh ing pailan, nanging sira bakal Sunparingi tentrem rahayu, kang santosa ana ing kene!”

14. Paring wangsulane Sang Yehuwah marang aku: “Para nabi iku padha meca goroh atas asmaningSun! Ingsun ora ngutus lan paring dhawuh sarta ora paring pangandika marang para wong iku. Wong iku padha nglairake wangsit goroh, pamecane kang kothong lan akal culikaning atine dhewe.

Yeremia 14